30 November 2011

MASKUMAMBANG

01
Nadyan silih bapa biyung kaki nini,

sadulur myang sanak,

kalamun muruk tan becik,

nora pantes yen den nuta.

02
Aja sira niru tindak kang tan becik,

sanadyan wong liya,

lamun pamuruke becik,

miwah ing tindak prayoga.

03
Iku pantes yen sira tiruwa kaki,

miwah bapa biyung,

amuruk watek kang becik,

kaki iku estokena.

04
Wong tan manut tuture wong tuwa ugi,

pan nemu duraka,

ing donya tumekeng akhir,

tan wurung kasurang-surang.

D U R M A

01
Dipun sami ambanting ing badanira,

nyudha dhahar lan guling,

darapon sudaa,

nepsu kang ngambra-ambra,

rerema ing tyasireki,

dadya sabarang, karyanira lestari.

02
Ing pangrawuh lair batin aja mamang,

yen sira wus udani,

mring sariranira,

lamun ana kang Murba,

masesa ing alam kabir,

dadi sabarang, pakaryanira ugi.

03
Bener luput ala becik lawan beja,

cilaka mapan saking,

ing badan priyangga,

dudu saking wong liya,

mulane den ngati-ati,

sakeh dirgama,

singgahana den eling.

04
Apan ana sesiku telung prakara,

nanging gedhe pribadi,

puniki lilira,

yokang telung prakara,

poma ywa nggunggung sireki,

sarta lan aja, nacat kepati pati.

P U C U N G

01
Kamulane kaluwak nonomanipun,

Pan dadi satunggal,

pucung aranira ugi,

yen wus tuwa kaluwake pisah pisah.

02
Den budiya kepriye ing becikipun,

aja nganti pisah,

kumpule kaya nomeki,

anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.

03
Aja kaya kaluwak duk anom,

kumpul bisa wus atuwa,

ting salebar siji-siji,

nora wurung dadi bumbu pindhang lulang.

04
Aja kaya sadulur memanise dipun runtut,

oja kongsi pisah,

ing samubarang karyeki,

yen arukun dinulu katon prayoga.

05
Abot enteng wong duwe sanak sadulur,

ji tus tandhingira,

yen golong sabarang pikir,

kacek uga kang tan duwe sanak kadang.


 

M I J I L

01
Pomo kaki padha dipun eling,

ing pitutur ingong,

sira uga satriya arane,

kudu anteng jatmika ing budi,

luruh sarta wasis,

samubarang tanduk.

02
Dipun nedya prawira ing batin,

nanging aja katon,

sasona yen durung masane,

kekendelan aja wani manikis,

wiweka ing batin,

den samar ing semu.

03
Lan dimantep mring panggawe becik,

lawan wekas ingong,

aja kurang iya panrimane,

yen wis tinitah marang Hyang Widhi,

ing badan punika,

wus pepancenipun.

04
Ana wong narima ya titahing,

mapan dadi awon,

lan ana wong narima titahe,

wekasane iku dadi,

becik, kawruhana ugi,

aja seling surup.

ASMARANDANA

01
Padha netepana ugi,

kabeh parentahing syara,

terusna lair batine,

salat limang wektu uga,

tan kena tininggala,

sapa tinggal dadi gabug,

yen misih remen neng praja.


02
Wiwitane badan iki,

iya saking ing sarengat,

anane Manusa kiya,

rukune Islam lelima,

tan kerja tininggala,

pan iku parabot agung, mungguh uripe neng donya.


03
Kudu uga den lakoni,

rukun lelima punika,

apantosa kuwasane,

ning aja tan linakwan,

sapa tan ngalakanana,

datan wurung nemu bebendu, mula padha estokeno.


04
Parentahira Hyang Widdhi,

kang dhawuh marang Nabiu'ullah,

ing Dalil Khadis enggone,

aja padha sembrana,

rasakna den karasa,

Dalil Khadis rasanipun,

dimene padhang tyasira.

S I N O M

01

Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning jalmi,

amiguna ing aguna,

sasolahe kudu bathi,

pintere den alingi,

bodhone didokok ngayun,

pamrihe den inaa,

mring padha padhaning jalmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.

02

Ingsun uga tan mangkana,

baliku kang sun alingi,

kabisan sun dokok ngarsa,

isin menek den arani,

balilune angluwihi,

nanging tenanipun cubluk,

suprandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

tanpa ngrasa prandene sugih carita.

03

Tur ta duk masihe bocah,

akeh temen kang nuruti,

lakune wong kuna-kuna,

lelabetan kang abecik,

miwah carita ugi,

kang kajaba saking embuk,

iku kang aran kojah,

suprandene ingsun iki,

teko nora nana undaking kabisan.

Megatruh

Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul (12/u)

Kawan dasa kang njagani (8/i)

Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)

Sinangga ing kanan kèring (8/i)

Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)


 

Mbok Parawan sangga wang duhkiteng kalbu
Jaka Lodang nabda malih
Nanging ana marmanipun
Ing waca kang wus pinesthi
Estinen murih kelakon

Sangkalane maksih nunggal jamanipun
Neng sajroning madya akir
Wiku Sapta ngesthi Ratu
Adil parimarmeng dasih
Ing kono kersaning Manon

Tinemune wong ngantuk anemu kethuk
Malenuk samargi-margi
Marmane bungah kang nemu
Marga jroning kethuk isi
Kencana sesotya abyor

sigra milir kang gèthèk sinangga bajul
an dasa kang njagèni
ing ngarsa miwah ing pungkur
tanapi ing kanan kéring
kang gèthèk lampahnya alon