10 Desember 2011

Tresnamu Kang Tak Tunggu

Aku pengen tresno kang becik

Kang nora nyawang apik lan ala

Tresno soko sajroning manah

Tresno kang nora nganggo nyawang


 

Tresno kang nora nyawang sopo

Tresno kang nora nyawang ngopo

Tresno kang nora nyawang kepiye

Polah lan padhane marang liyan


 

Aku pengen nresnannni koyo sliramu

Kang tansah luhur sajroning manah

Tan nora angarep-arep balesing budhi

Kang koyodene angel anggone nglakoni


 

Aku tansah kepingin…

Kepengen ngelakoni katresnanmu

Katresnan kang wis ko duduhake marang sliraku

Ibu aku pingin iso nresnani koyo awakmu..