29 Desember 2010

Anoman, kethek putih awatak luhur lan utama

Anoman kuwi wujude kethek putih nanging bisa tata jalma lan pratingkahe uga tansah ngugemi tata carane manungsa. Anoman uga kondhang kanthi jeneng Anjaniputra (anake Dewi Anjani), Bayudara (anake Bathara Bayu), Bayusiwi, Guruputra (anake Bathara Guru).

Prabu Dasamuka ratu sesongaran lan daksiya

Jenenge wektu lair yakuwi Rahwana, nanging amarga duweni rai cacah sepuluh, dheweke uga sinebut Dasamuka.
Rahwana utawa Dasamuka iki nduweni ibu jenenge Dewi Sukesi, putri Prabu Sumali raja Alengka. Bapake Resi Wisrawa, brahmana ing padhepokan Dederpenyu. Manawa digeret garis turunan saka ibune, Dasamuka isih kepetung keturunan Bathara Brahma.

Jaya Anggada, wanara kang grusa-grusu

Jaya Anggada yaiku putra Resi Subali kalawan Dewi Tara lan mapan ing Guwa Kiskendha. Nalika bapak kuwalone yakuwi Narpati Sugriwa mbiyantu Sri Rama nyerang Alengka, Jaya Anggada melu wadyabala wanara sing mbelani Sri Rama.

Leksmana, satriya digdaya kang netepi brahmacari

Raden Leksmana kang uga disebut Widagda, Murdaka yakuwi putra Prabu Dasarata, raja Ayodya kang dhaup lawan Dewi Sumitra.
Leksmana yakuwi satriya brahmacari, satriya sing wadat utawa ora bakal kawin salawase urip, lan mapan ing Girikestuba.

Kumbakarna, raseksa kang duwe watak satriya

Raden Kumbakarna yakuwi raseksa kang duweni watak satriya lan tresna kabecikan, bares, lan wani mbelani nagara. Kumbakarna putra Resi Wisrawa kang dhaup kalawan Dewi Sukesi.
Sedulure Kumbakarna yakuwi Prabu Dasamuka raja Alengka, Dewi Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kumbakarna dhewe mapan ing kasatrian Panglebur gangsa.

Dewi Sarpakenaka, raseksi kang seneng dhemenan

Sebutan Sarpa ing basa Jawa ngemu teges ula kang duwe wisa. Kenaka tegese kuku. Sarpakenaka duweni pusaka arupa kuku lincip lan landhep, kang ngamot wisa.
Sarpakenaka kuwi anake wadon Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi, putu Prabu Sumali raja nagara Alengka. Sedulure Sarpakenaka ana telu, yakuwi Prabu Dasamuka, Raden Kumbakarna lan Gunawan Wibisana.
Watake Sarpakenaka ora beda karo watake Dasamuka, kejem, ngendel-endelake nepsu birahine, buktine raseksa cacah wolu kabeh didadekake bojone. Para raseksa kuwi Ditya Karadusana (Jambumangli), Ditya Wirupaksa, Ditya Animpraba, Ditya Pratamadagni, Ditya Wilugangsa, Ditya Puntadagsa, Ditya Prajangga lan Ditya Margangsa. Saliyane bojo cacah wolu kuwi, Sarpakenaka uga seneng dhemenan karo raseksa

Nulad watak bocah angon ing tembang Ilir-ilir

Wulangan kapangarsan ing kabudayan Jawa ora mung wates Hastha Brata. Ing tembang Ilir-ilir sing miturut gotheking wong akeh karipta dening Sunan Kalijaga, ngemot wulangan kapangarsan kang jumbuh banget karo jiwane wanita minangka jejering ibu.
Miturut budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, tembang Ilir-ilir

Hitungan Hari / Etungan Dina ing tanggalan Jawa

Petungan sing kamot ing taun utawa kalender Jawa

Pancawara (pasaran): petungan dina ing ubengan limang dina.

1. Kliwon / Kasih
2. Legi / Manis
3. Pahing / Jenar
4. Pon / Palguna
5. Wage / Kresna / Langking.