29 Desember 2010

Anoman, kethek putih awatak luhur lan utama

Anoman kuwi wujude kethek putih nanging bisa tata jalma lan pratingkahe uga tansah ngugemi tata carane manungsa. Anoman uga kondhang kanthi jeneng Anjaniputra (anake Dewi Anjani), Bayudara (anake Bathara Bayu), Bayusiwi, Guruputra (anake Bathara Guru).

Saliyane kuwi, isih ana jeneng liyane sing uga dadi paraban utawa arane Anoman, yakuwi Handayapati (duwe daya sing kaluwih-luwih), Yudawisma (senapati perang), Haruta (angin), Maruti, Palwagaseta (kethek putih), Prabancana, Senggana (senapati perang), Suwiyuswa (dawa umure) lan Mayangkara (roh suci, gelar sawise madeg pandhita ing Kendhalisada).
Anoman kuwi anake Bathara Guru lan Dewi Anjani. Ibune Anoman iki ora liya anake mbarep Resi Gotama lan Dewi Windradi ing pertapan Grastina utawa Eriya. Anoman kuwi titah kinasihe para dewa. Dheweke nampa kanugrahan Cupumanik Astagina, tinakdir dawa umure, urip wiwit jaman Ramayana nganti Mahabharata.
Malah ing jagad pedhalangan, Anoman kuwi urip nganti kawitan jaman Madya. Anoman kondhang sekti mandraguna. Dheweke duwe Aji Sepiangin (peparinge Bathara Bayu), Aji Pameling (peparinge Bathara Wisnu), Aji Mundri (peparinge Resi Subali) lan bisa tiwikrama.
Tata busanane mralambangkane sipat gung binathara, yakuwi pupuk jarotasem ngrawit, gelung minangkara, kelatbau sigar blibar, kampuh poleng werna ireng, abang lan putih, gelang utawa binggel candramurti lan sabuk oyot mimang.
Anoman kaping telu rabi. Sepisan kalawan Dewi Urangrayung, anake wadon Begawan Mainalodra saka Kandhabumi. Anoman lan Dewi Urangrayung nurunake Trigangga utawa Triyangga, rupa kethek putih. Kapindho, rabi kalawan Dewi Sayempraba, anake raseksa Wisakarma saka Gowawindu, ora nurunake anak.
Lan sing kaping telu rabi kalawan Dewi Purwati, anake wadon Resi Purwapada saka pertapan Andonsumawi, nurunake Purwaganti. Anoman kuwi duwe watak kendel, sopan, ngugemi ajining dhiri, setya, wegig ulah kanuragan, waspada, wegig nembang, lembah manah lan santosa jiwane. Dheweke mati moksa, raga lan sukmane musna ing Pertapan Kendhalisada.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar