29 Desember 2010

Nulad watak bocah angon ing tembang Ilir-ilir

Wulangan kapangarsan ing kabudayan Jawa ora mung wates Hastha Brata. Ing tembang Ilir-ilir sing miturut gotheking wong akeh karipta dening Sunan Kalijaga, ngemot wulangan kapangarsan kang jumbuh banget karo jiwane wanita minangka jejering ibu.
Miturut budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, tembang Ilir-ilir
ngemot tapsiran jero gegayutan laku ngowahi adat lan budaya nalika lumebune agama Islam ing tanah Jawa. Ing tembang iki ana tetenger bocah angon sing ngemot piwulang kapangarsan. Yen wulang kapangarsan bocah angon iki ditrepake kanthi temen-temen ing jagad politik, samengkone bakal nuwuhake kaanan urip lan panguripan kang luwih apik.
Yen ndhudhah filosofi bocah angon ing tembang Ilir-ilir ana gegambaran yen sawijine bocah angon kuwi nalika lunga menyang ngendi wae tansah nggawa teken, saorane tugelan kayu utawa pring sing bisa kanggo teken. Teken kuwi ing kabudayan Jawa pralambang pituduh, gegebengan lan pandom. Lire, sawijining pangarsa kudu ngugemi gegebengan, pakarti kang tansah lelandhesan bebener.
Bocah angon kuwi dununge mesthi ana ing mburine sing dingon. Iki pralambang yen bocah angon kuwi duwe watak ngemong. Watak ngemong iki kinodrat kandel ing jiwane wanita, jiwane ibu. Bisa kadulu ing urip padinan, sawijining ibu mesthi bakal ngorbanake apa wae lamun anake bisa kepenak uripe.
Watak ngemong iki uga ngandhut perbawa ngayomi. Hamula kuwi, nalika sawijining wanita dadi pangarsa, sikep ngemong sing wus kinodrat ing dhirine uga bakal merbawani kabeh tumindake ing kapangarsan. Hastha Brata dhewe uga ngemot piwulang bab ngemong lan ngayomi kuwi. Kanthi mangkono, miturut Winarso, wulang Hastha Brata pancen katumrapake sapa wae, priya lan wanita.
Gegayutan tapsiran kapangarsan bocah angon iki, ing buku asesirah Kepemimpinan Jawa, weton Narasi, Wawan Susetyo ngandharake, wulang kapangarsan ing bocah angon uga jumbuh karo piwulang kapangarsan ing agama-agama gedhe.
Meh kabeh Nabi/Rasul, sadurunge ngayahi jejibahan mulangake agama marang manungsa mesthi ngalami urip dadi bocah angon. Kayadene sujarahe Nabi Muhammad, nalika isih cilik ngalami angon wedhus. Pangarsa sing ana ing mburi, kayadene bocah angon, ora ateges minangka pangarsa nalika dumadi paprangan banjur dedunung ing barisan mburi dhewe. Yen ing kaanan mangkene iki, nalika negara dirabasa mungsuh, pangarsa ya kudu dedunung ing barisan ngarep dhewe.
Pangarsa ing mburi, amarga ngugemi kuwajiban ngemong, ateges yen giliran seneng-seneng dheweke kudu ndulu kawulane dhisik. Yen kawulane uripe wis seneng kabeh, wus mulya kabeh, wis kepenak kabeh, nembe jatahe pangarsa kanggo seneng-seneng. Hastha Brata uga ngemot piwulang mangkene iki kang yektine wus kinodrat ing pribadine wanita minangka jejering ibu.

kapethik saking : Jagad Jawa - SoloPos

Tidak ada komentar:

Posting Komentar