29 Desember 2010

Jaya Anggada, wanara kang grusa-grusu

Jaya Anggada yaiku putra Resi Subali kalawan Dewi Tara lan mapan ing Guwa Kiskendha. Nalika bapak kuwalone yakuwi Narpati Sugriwa mbiyantu Sri Rama nyerang Alengka, Jaya Anggada melu wadyabala wanara sing mbelani Sri Rama.

Nalika Sri Rama nuding Anoman dadi dutane kanggo niliki kekuwatane Alengka, Jaya Anggada srei lan rumangsa uga bisa dadi dutane Sri Rama nadyan sedina sewengi thok, kaya dene Anoman. Wusanane, Anoman sing katuding dadi dutane Sri Rama.
Lara atine Jaya Anggada samsaya ndadra nalika meruhi Anoman didadekake dhuta. Dheweke banjur nantang tandhing Anoman, nanging bisa dipisah dening Sugriwa amarga loro-lorone isih kapetung sedulur. Jaya Anggada dhewe ngrumangsani kuwi, banjur njaluk pangapura marang Anoman.
Ing liya dina, Jaya Anggada wusanane uga didadekake duta dening Sri Rama lan dititahake supaya ngadhep Dasamuka ing Alengka, njaluk supaya Dewi Shinta dieculake tanpa lumantar perang. Nanging Dasamuka tetep atos kateguhane. Jaya Anggada dhewe banjur nrejang Dasamuka lan nyaut makutane, banjur digawa bali lan dipasrahake marang Sri Rama.
Sawuse kuwi, banjur pecah perang gedhe kang kaaran Sarikudhup palwaga antarane Sri Rama sawadyabala nglawan Dasamuka sawadyabala. Perang gedhe kuwi purna nalika Dasamuka bisa dikalahake Sri Rama kanti panah sektine, yakuwi panah Guwawijaya. Sri Rama dhewe banjur nduweni niyat ngangkat Dasawilukrama, anake Dasamuka sing isih urip, dadi raja anyar ing Alengka.
Mangerteni kuwi, Jaya Anggada nyuwarani ala. Dheweke kuwatir manawa Dasawilukrama sukmben males ganti mateni Sri Rama, sing wus mateni bapake.
Jebule bener pangirane Jaya Anggada, Dasawilukrama diprentah dening rohe bapake supaya merjaya Sri Rama. Mangerteni kuwi, Jaya Anggada bali mulih menyang Alengka banjur ndhelik ing sangisore papan paturone Sri Rama.
Nalika Dasawilukrama teka kanti nggawa keris kanggo merjaya Sri Rama, Jaya Anggada nangekake Sri Rama banjur nyekel Dasawilukrama lan ngrebut keris sing digawa mau. Sajane Sri Rama menehi pangapurane, nanging Jaya Anggada wus entek sabare banjur mateni Dasawilukrama ing ngarepe Sri Rama.
Jaya Anggada rumangsa seneng banget wusanane bisa mateni Dasawilukrama, lan dheweke banjur gelem gabung maneh karo wadyabala wanara angkatan perang Kiskenda.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar