29 Desember 2010

Leksmana, satriya digdaya kang netepi brahmacari

Raden Leksmana kang uga disebut Widagda, Murdaka yakuwi putra Prabu Dasarata, raja Ayodya kang dhaup lawan Dewi Sumitra.
Leksmana yakuwi satriya brahmacari, satriya sing wadat utawa ora bakal kawin salawase urip, lan mapan ing Girikestuba.

Awit cilik Leksmana diwulang dening Resi Wismamitra (Begawan Wasista) supaya sukmbene nalika wus gedhe dadi satriya digdaya, mbelani kabecikan lan njejegake adiling tatanan donyan. Leksmana uga dadi seksi kawine Sri Rama, kakange karo Dewi Shinta, putri Prabu Janaka raja Mantili.
Sanajan Sri Rama sedulur bedha ibu, nanging katresnane Leksmana marang Sri Rama temen-temen. Leksmana uga melu ngumbara ing alas Dandaka, nalika Sri Rama lan Dewi Shinta metu saka karaton Ayodya jalaran Dewi Kekayi njaluk supaya putrane, raden Bharata sing jumeneng nata ing Ayodya.
Nalika Sri Rama ngoyak kidang kencana jilmane Kala Marica, Leksmana pasrahi njaga Dewi Shinta. Nanging liya pamikirane Dewi Shinta. Dheweke ngira manawa Leksmana duwe niyat pengin ngepek dheweke amarga ora ngrewangi Sri Rama ngoyak kidang kencana.
Leksmana dhewe dadi bingung meruhi kahanan kaya mangkono. Karo ngampet isin, Leksmana sumpah bakal nglakoni brahmacari, yakuwi ora kawin utawa wadat. Papan panggonane Dewi Shinta banjur dipageri nganggo rajah. Sawuse nitip pesen supaya Dewi Shinta njaga awake dhewe, Leksmana banjur lunga nyusul Sri Rama.
Sawuse Leksmana lunga, Prabu Dasamuka banjur nyolong Dewi Shinta lan digawa menyang Alengka. Wusanane, kahanan kuwi njalari perang gedhen ing Alengka antarane Sri Rama lan sawadyabala wanara kalawan Dasamuka lan para butha.
Ing perang gedhen kuwi, Leksmana bisa mateni para senapati utama Alengka, kayata Ditya Mintragna sing nemoni pati jalaran dipanah gulune. Raden Trinetra, Trikaya, Trisirah, padha nemoni pati jalaran kudanan panah Naracabala sing cacahe nganthi ewonan. Narantaka lan Dewantaka sing nyoba mblirit uga wusanane mati adus getih amarga awake dhedhel dhuwel kena panah Naracabala sing dipanahake dening Leksmana.
Meruhi adhi-adhine mati kabeh, Indrajit banjur ngetokake mantra sirep Meganandha, sahingga wadyabala wanara padha turu angler. Semono uga Sri Rama lan Leksmana. Amung Gunawan Wibisana sing isih bisa melek amarga duweni ajian kanggo nglawan sirep Megananda. Indrajit nesu lan ngajak tandhing Wibisana.
Para wanara sing sadurunge keturon angler banjur padha tangi amarga kebrebegen perang tandhing antarane Indrajit kalawan Wibisana. Wusanane Indrajit bisa dipateni Leksmana sawuse dikandhani carane ngasorake Indrajit dening Gunawan Wibisana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar