13 Oktober 2011

PIDATO PERJUANGAN


Hadrotul Mukarromin, poro Ulama’ul Amilin khususipun poro Bapak kiyai ingkang kulo hormati.
Sahabat-sahabat, rekan-rekan, adik-adik senasib lan sa’perjuangan ingkang kulo sayangi.
Langkung rumiyin kulo manjataken puji syukur dateng Alloh SWT, Tuhan Semesta Alam, ingkang mucal menungso mawi Qolam tentang ilmu ingkang dereng difaham, shoho Rohmat Allah lan salam mugiho dipun tetepaken dateng Nabi Pejuang Islam. Nabi pemimpin Arab lan ajam ingkang beto umat manusioa sangking masa ingkang hitam kelam, masa ingkang penuh sifat murka lan kejam menuju masa damai, aman, tentram, ingkang penuh cahaya bagaikan sinar bulan ing tengah malam, yakni saking masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.
Poro Hadirin ingkang kulo hormati !
Menurut pandangan Islam, agama ingkang paling mulyo minggahipun Alloh, inggih puniko agami Islam. Keranten Agami Islam, meniko bade mejamin umat manusia menuju hidup bahagia lahir lan batin, shoho wilujeng wonteng ing dunyo lan akhirat, selagi tiyang ingkang memeluk Agami Islam kolowahu-boten menyimpang lan melanggar dateng garis-garis agami Islam, shoho boten melanggar dateng ajaran Islam, tapi kangge mencapai lan ngasilaken kebahagiaan, shoho kawilujengan lahir lan batin meniko boten saget dipun wujudaken sambi turu utawi tenguk-tenguk kaliyan lingguh silo tumpang, meniko boten saget wujud tanpa dipun tuntut kalian perjuangan ingkang sungguh-sungguh Sedoyo kolo wahu boten berhasil nopo malih kangge mempertahankan shoho melestarikan nilai kemulyaan Islam meniko. Kito kedah ringan tangan lan bermurah hati, ngorbanaken jiwa raga, shoho harta benda demi kejayaan Islam, lan kaum muslimin.
Firman Alloh wonten Al-Qur’an :
Ingkang artosipun :
“Lan berjuango siro kabeh klawan bondo siro lan awak siro ing dalem agamane Alloh“
Nopo maleh memasuki abad modern saat meniko katah kebudayaan-kebudayaan asing ingkang mlebet wonten negari kito Indonesia, ingkang bertentangan kalian agami Islam. Terutami wonten kalangan muda-mudi, remaja, katah poro remaja ingkang menggemari kebudayaan luar tapi boten dipun saring, cocok nopo boten kalian ajaran agami Islam ? niki boten peduli.
Hal meniko menawi kito kurang waspada, utawi boten kito cegah, soyo dangu bade merajalela, sehinggo saget ngalahaken kebudayaan Islam piyambak akhiripun umat Islam piambak ingkang bade rugi.
Pramilo sangking meniko kulo anjuraken dateng poro Jutawan, poro أَغْنَيَاء poro dermawan, sampun ngatos bahil utawi kumed ngurbanaken harta benda kangge
Kepentingan Agami kito. Kito sebagai generasi penerus pewaris sangking generasi ingkang rumiyin sampun jerih payah mewarisi kito bangunan masjid-masjid, gedung-gedung madrasah, langgar lan sanesipun, lan ugi kito ingkang ngraosaken utawi ingkang nggunaaken bangunan-bangunan kolo wahu. Sa’meniko kito ugi kedah purun bangun, utawi ndandosi bangunan kolo wahu, supados generasi ingkang bade datang ingkang ngrahosaken jasa kita. Hal meniko cocok kaleh dawuhipun Al Hukama
لَقْدْ غَرَ سُوْا فَأ كَلْنَا وَإِنَّنَا* لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
Ingkang artosipun :
“Sa’temene wong-wong kang dingin wis podho nandur jasa sehinggo kito sing mangan jasane lan sa’temene kito ugo nandur sehinggo wongkang sa’wise kito (generasi mendatang) mangan jasa kito“
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Pramilo sangking meniko kangge ngasilake kejayaan Islam dan kebahagiaan kaum muslimin monggo sanak famili, tonggo teparu, lan masyarakat kito ajak menuju dateng dalan agamipun Alloh kanti bijaksana, nanti pitutur ingkang sahe, lan tingkah laku ingkang ngremenaken, supados saget cocok antara ucapan lan perbuatan. Hal meniko sesuai kalian dawohipun Allah :
أُدْعُ إَلَى سَبِيْلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْ عِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَا دِلْهُمْ بِالَّتِى هِيَ أَحْسَنُ
Ingkang Artosipun :
“Ngajako maring dalane Pangeran iro kanti bijaksana lan pitutur kang bagus lan tukaro pendapat maring Qoum kelawan toto coro kang bagus“
Poro Rawuh, pramilo monggo sepindah malih semangat berjuang lan beramal selalu kito tingkataken sampun ngantos bosen utawi waleh, sa’derengipun berhasil. Mugi-mugi Alloh SWT enggalo paring kesembadan dateng usaha lan perjuangan kito sehinggo, tercapailah cita-cita kito, bahagia, lan slamet wonten ing donyo lan akhirot Amin.
Cekap semanten atur kulo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar