13 Oktober 2011

PERANAN WANITA ING PEMBANGUNAN


Poro Bapak poro Ibu muslimat ingkang kulo multa-aken, soho mbak-mbak fatayat ingkang kulo hormati. Ugi poro adik-adik, poro generasi penerus perjuangan Islam ingkang kulo sayangi !
Sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiyo nglahiraken, rasa puji syukur dateng ngersanipun Allah SWT kanti ucapan Alhamdulillah. Keranten Alloh sampun paring Rohmat soho Ni’mat dumateng kito sedoyo, sehinggo kito saget berkumpul utawi bersilaturrahim wonteng ing majlis puniko, kanti wilujeng, mboten wonten satunggal Alangan punopo.
Ingkang kaping kalih, mugi salam bahagia Alloh lan Rohmat, tansah tetep dipun limpahaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad, salah satunggalipun Nabi pimpinan umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at, binjang wonten ing dinten qiamat. Mugi-mugi pertemuan kito ing saat meniko saget andadosaken sababiyahipun kito angsal syafa’at saking kanjeng Nabi ing dinten qiamat.
Poro Rawung ingkang kulo hormati !
Getuk menopo gedang goreng ?
Sampun ngantuk menopo dereng ?
Monggo ing sa’at meniko kito niyat wonten ing manah, niat bade ngaji, niat pados ilmu, niat ngibadah dateng ngersanipun Alloh SWT. Kranten pancen dados tiyang Islam lho Bu……?! Ngaji utawi pados ilmu meniko wajib tumrap sedoyo. dawuhipun kanjeng Nabi.
Ingkang artosipun : Pados ilmu meniko Fardhu tumrap saben-saben tiyang Islam jaler utawi istri (priyo lan wanito).
Kanti wontenipun Hadist meniko kito sampun jelas bilih ingkang, wajib pados ilmu meniko boten namung tiang jaler thok, boten piyantun priyo mawon, tapi tiang istri inggih dipoun wajibaken pados ilmu. Kranten kangge nyekapi kebutuhan gesang meniko, menungso boten cukup berbekal harta benda, tapi ingkang langkung penting meniko berbekal ilmu pengetahuan. Nopo maleh wonten ing abad modern meniko poro kaum wanito boten purun ketinggalan. Kaum wanito boten cukup mendel teng nggriyo utawi cukup teng dapur mawon boten usah boten dados so’al
Asal sampun saget dandan utawi mack
Asal sampun saget njangan utawi masak
Asal sampun saget babaran utawi manak
Tapi kejawi saking meniko kaum wanito, kedang tumut belajar lan berjuang kangge membela Agama, Bangsa lan Negara. Kranten kanjeng Nabi dawuh :
Ing artosipun :
“Wanito meniko dados cagakipun negoro. Menawi wanitonipun sahe Negari ugi sahe. Lan menawi wanitonipun rusak, Negari ugi rusak”
Poro Rawuh kejawi saking meniko, tiyang istri menawi nglampahi amal-amal ingkang sahe, meniko ugi bade dipun jamin kalian Alloh, dipun bales dipun paringi gesang ingkang bahagia wonten akhirat. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an surat An-Nahl, ayat 97 ingkang surosonipun :
Ingkang artosipun :
“Sopo wonge kang ngamal soleh, podo ugi lanang utowo wadon kanti beriman, mongko yekti ingsun paringi kehidupan kang bagus. Lan ingsun bales kanti balesan kang luwih apik ketimbang amale” (QS. An-Nahl : 97)
Poro Ibu-ibu lan mbak fatayat ingkang kulo hormati !
Pramilo saking meniko, monggo Ibu-ibu lan mbak fatayat, sebagai kaum wanito, isoho dadi wanito sing cocok karo sebutane wanito, utawi jeneng wanito. Siang ateges wanihoto, wani noto, wani ditoto, nopo malih menawi kito enget perjuanganipun kanjeng Nabi Muhamamd SAW. kados pundi sepak terjangipun Siti Khodijah ? piyambakipun selalu ngorbanaken harta bendanipun kangge mbelo lan menolong perjuangan Rasululloh SAW. Kejawi meniko piyambakipun ugi mencurahkan tenaga lan fikiranipun mbantu perjuangan Rosululloh lan, kados pundi sikap Siti Aisah binti Abu Bakar. Piyambakipun ugi boten ketinggalan selalu mendampingi lan mengikuti Rasulullah SAW, di dalam menegakkan Agama Islam sehinggo piambakipun dipun paringi gelar utawi sebutan “Umil Mu’minin”. Anggenipun menghadapi hal nopo ke’mawon, piyambakipun ber I’tiqod teguh lan jujur, sehingga ngantos Rosululloh wafat, “Siti Aisah” tetep berjuang membela lan nerusaken perjuanganipun kanjeng Nabi.
Pramilo saking meniko, manggo kito sebagai muda-mudi Islam, penerus perjuangan Rosululloh, kito giataken lan kito tingkataken. Segala bidang kito tanam, benih-benih iman lan taqwa wonten ing manah kito sedoyo supados tetep kuat lan teguh menghadapi liku-liku kehidupan, ingkang beraneka ragam, macam lan warna. Sehinggo saget tercapailah cita-cita kito, cita-cita Agama, Bangsa lan Negara. Amien.
Kintinipun cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan kulo, awal ngantos akhir, kulo nyuwun agungipun pangapunten.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar