18 Oktober 2011

Pidato Hari kebangkitan nasional

Matur nuwun dumateng dimas pranoto hadicara ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo. saderenginpun monggo kito sami manekung pujo dumateng ngarsa dalem gusti ingkang sampun paring kanugrahan dumateng kita sedaya sahinggo kita saged makempal ing ngriki mengeti hari kebangkitan nasional ingkang sampun kalampah setunggal abad. bapak kepala sekolah ingkang kawulo hormati, bapak soho ibu guru, karyawan ingkang kawulo hormati, kaliyan para murid ingkang kawulo tresnani, ing dinten menika kita sareng-sareng mengeti hari kebangkitan nasional ingkang sampung ngancik kaping satunggalatus. kanthi
dinten menika monggo kito sami ngeling-eling semangatipun para pangadegipun yayasan boedi utomo, kanthi kahanan jaman semanten temtu mawon perjuanganipun temtu ageng sanget. kanthi meniko kita samenika kedah ngadahi semangat ingkah langkung makantar-kantar kangge mbangun negari kito. kanthi semangat makantar-kantar kito temtu saged uwal saking krisis menika. temtu mawon kito ingkang wonten pawiyatan meniko saged mbangun negari kito kanthi para siswo sinau kanthi tenanan, para guru mulang kanthi sabar sainggo para siswo saged nampi ilmu ingkang dipun wulangaken, para karyawan anggenipun nglayani guru saha murid kanthi sabar, kepala sekolah ngemong kanthi tlaten. kanthi meniko tamtu mawon sekolah kito ngadahi prestasi ingkang sae. menawi sekolah-sekolah ing indonesia meniko ngadahi prestasi ingkang sae temtu mawon ngadahi warga ingkang pinter, temtu mawon mboten pinter korupsi nanging pinter ngolah bahan - bahan ingkan sampun cumepak ing bumi indonesia. sahinggo negari mboten sah import sedaya kebutuhan kagem rakyat. langkung langkung menawi kito saged export temtu mawon rakyat langkung makmur. Mugi-mugi kanthi dinten meniko kito saged gummregah maju mbangun negari kito kanthi semangat indonesia bisa. mekaten ingkang saged kulo aturaken. kulo meniko manungsa limprah temtu mawon kathah kalepatn anggen kawulo matur kanthi meniko kulo nyuwun agenging sih samudro pangaksami. wader kali sesonderan apuranto lepat kawulo. nuwun nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar